Monday, October 6, 2008

Maaf Lahir dan bathin

Orang minta maaf kan sebaiknya dengan cara yang sopan, namanya juga minta, jadi biar dikasih maaf. Jadi caranya ya aku pakai bahasa yang halus seperti dibawah, lah malah tanggapannya jadi macam macam ya!

From: Adi Grahito
Sent: Tuesday, October 07, 2008 8:50 AM
Subject: Idul Fitri

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kula sakulawargi ngaturaken "Very Happy Idul Fitri", dumateng sadaya kemawon para saderek, mugi ibadahipun saged tutug lan tundonipun saged saestu pikantuk ridlo lan Barokah saking Ingkang Maha Kuwaos.

Dene menawi wonten klenta-klentu kawula utawi sadaya wicanten ingkang "saru" utawi damel kirang sakeca ing manah, mboten namung kawula nyuwun gunging pangaksami, lahir trusing batos.

Katur sadaya kemawon ingkang sampun kersa maringi pangaksami, kawula matur nembah nuwun ingkang tanpa upami. Mugi-2 kita sadaya taksih pinaringan panjang yuswa lan saged sasrawungan ingkang saklajengipun dipun wiwiti saking ongko nol nggih.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Adi Grahito
Training Department,

Balasan Emailnya jadi macam macam seperti dibawah ini (jawaban dibaca dari bawah):

From: Suud Supriyanto
Sent: Tue 10/7/2008 9:54 AM
Subject: Idul Fitri

Istilah pemrograman komputer

Bahasa pemrograman "JAVASCRIPTS"

Taqobalallohu mina waminkum syiamana wasyiamakum, Minal aidin wal faidzin.

Mohon maaf lahir & batin

Salam
SS

Glondhang !!!!! Takon karo Lik Roes opo artine iki ???

From: Fitri Antoro
Sent: Tue 10/7/2008 10:28 AM
Subject: Idul Fitri

Tok tok tok tok tok ,……… Weeeee bumi gonjang ganjing ----mboh a ah ra ruh…...

Thanks,
Fitri Antoro


From: Bambang Santiaji
Sent: Tuesday, October 07, 2008 10:25 AM
Subject: RE: Idul Fitri

Mbesok mbesok yen ono reja rejane jaman tlatah iki tak jenengne…POJ….


From: Sutanto
Sent: Tuesday, October 07, 2008 10:17 AM
Subject: RE: Idul Fitri

Jatidhiri Jawi ingkang sejati atidhiri Jawi menika nyakup tuwin ngukup perangan ingkang tebanipun jembar sanget.

Underaning prekawis kawengku ing jagad Jawi ingkang arupi tradhisi, filsafat, aksara, basa, susastra, tuwin budaya Jawi. Jatidhiri Jawi saget dipundhudhah saking sujarah Jawi ing jaman purwanipun. Tukipun wonten ing susastra Jawi ingkang kaserat dening mpu tuwin pujangga minangka pandam pandoming dumadi Gumelaring jagad Jawi wonten ing wayang purwa (ingkang amurwa kandha) wonten ing lampahan Manikmaya. Lampahan Manikmaya hanggelar bebadranipun Hyang Antaga, Hyang Ismaya, miwah Hyang Manikmaya minangka caraka ingkang badhe nindakaken darma memayu hayuning bawana. Ciri-ciri Jawi kathah pinanggih wonten ing susastra Jawi ingkang dipungelar wonten ing jagad pewayangan. Kajawi menika jatidhiri Jawi mboten saget uwal saking gegebengan utawi kapitadosan ing tlatah kejawen. Ing jagad kejawen dipunpitados wonten-ipun Sang Pamomong ingkang tansah momong lan ngemong tanah Jawi. Wonten ing jagad pewayangan paraga Semar kapiji minangka pamonging satriya hambeg utami anggenipun badhe merangi watak-watak durangkara.

Ciri-ciri tuwin jatidhiri Jawi kathah pinanggih wonten ing filsafat Jawi. Filosofi Jawi nuntun dhateng ngelmu sangkan paraning dumadi. Pramila lajeng mbabar pangawikan ingkang sambet kaliyan Gusti-kawula utawi kawula-Gusti. Jejering kawula kedah eling, kumawula, ngabekti tuwin manembah dhateng Gustinipun. Kanthi menika jatidhiri Jawi ingkang sejati sambet kaliyan alam hakekat ing jagad kejawen. Pramila lajeng wonten wos utawi suraos wonten ing ngelmu pangawikan manunggaling kawula-Gusti. Jatidhiri Jawi ugi nyakup perangan ingkang kasat mata wiwit tlatah Banten, Pasundan, pesisir kilen dumugi pesisir wetan, tlatah Kedu, Magelang, Banyumas, Ngayogyakarta, Surakarta, dumugi tlatah Blambangan. Kalebet ing ngriki ardi Tidar minangka pakuning Tanah Jawi. Tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta sinebat negari gung amargi wontenipun karaton minangka punjering budaya Jawi ingkang adi luhung miwah adi luhur.

Budaya Jawi kasebat adi luhung amargi mengku perangan budaya ingkang nuntun dhateng kaendahaning bebrayan. Pramila lajeng mbabar prasetya wonten ing sesanti: Memayu hayuning bawana, memayu hayuning jagad, memayu hayuning nusa bangsa, miwah memayu hayuning sasama. Budaya Jawi hanggadhahi ciri-ciri adi luhung amargi mengku pangawikan ingkang tumuju dhateng kawaskithan, kawiryan, kawicaksanan, kaluhuran tuwin kasampurnaning gesang.

Kathah sanget wedharan susastra Jawi ingkang caket tuwin raket kaliyan ingkang murba lan masesa jagad. Kalebet ing ngriki jagad cilik (mikro kosmos) tuwin jagad gedhe (makro kosmos). Filsafat Jawi dipunngendikakaken langkung jangkep katimbang filsafat kilen (Barat) ingkang underanipun wonten ing kawicaksanan.

Jatidhiri Jawi ugi katingal saking filsafat Jawi ingkang langkung onja katimbang filsafat ing tlatah sanesipun. Menapa kemawon ingkang dumados ing tanah Jawi wiwit brang kilen dumugi tlatah brang wetan saget dados titikan minangka Jatidhiri Jawi ingkang maneka warni. Ing saben tlatah pinanggih ciri-ciri budaya ingkang mboten sami kaliyan tlatah sanesipun. Sesanti adikaryanipun Mpu Tantular wonten ing kitab Sutasoma inggih menika: Bhinneka Tunggal Ika saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang sejati.

Samangke, sesanti Bhinneka Tunggal Ika sampun manunggal minangka jatidhiri Nuswantara tuwin inukir wonten lambang nagari peksi Garudha. Kanthi menika, Pancasila ingkang nyawiji kaliyan peksi Garudha saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang lajeng dipunkukuhaken minangka dhasar miwah falsafah negari. ::Dening: Dening: Ki Sutadi, Pangarsa Pepadi Jawa Tengah::

From: Teguh Supriyanto
Sent: Tuesday, October 07, 2008 9:35 AM
Subject: RE: Idul Fitri

wis silahkan main kethoprak kabeh, aku ora ngerti....uuaangel banget sih bahasa-ne


From: Titi Hidayatun
Sent: Tuesday, October 07, 2008 9:28 AM
Subject: RE: Idul Fitri

Rinenggo sumunaring suryo wayah ratri
Cinondro resik ing Wardoyo
Mugi kito sedoyo tansah winengku ing karahayon
Aruming pangruwat jiwo
Lumantar ati suci kanthi lunturing Nugroho jatining sedoyo
Kawulo ngaturaken Sugeng dinten riyadhi 1429 H
Nyuwung gungingsih samodra pangaksami
Taqabalallah minna wa minkum


From: Sutanto
Sent: Tuesday, October 07, 2008 9:17 AM
Subject: RE: Idul Fitri





Pepunden kawulo, kangmas lan mbak sadoyo ingkang kinurmatan.

Kawulo sagotrah ugi nyuwun gunging samudro pangaksami, mbokbilih wonten klenta-klentunipun atur lan tumindak ingkang mboten mranani ing panggalih panjenengan sadoyo. Mugi Gusti maringi pangapunten awit khilaf lan doso kito, amin.

Wkr, Sutanto

No comments: